Uyon-Uyon

Inggih menika salah satunggaling lelagon Jawa ingkang katembangaken dening sinden tanpa jejogedan kanthi tetabuhan gamelan ingkang alon.
Uyon - uyon kapendhet saking tembung ‘manguyu-uyu’ ingkang mawi teges pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, saderengipun ki dhalang miwiti makarya ndhalang, utawi dipunwastani ‘patalon’ .

Conto  Tembang
  GUGUR GUNUNG
Ayo ( Ayo )
Kanca ( Kanca )
Ngayahi karyaning praja
Kene ( Kene )
Kene ( Kene )
Gugur gunung tandang gawe
 
          Sayuk sayuk rukun
          Bebarengan ro kancane
          Lilo lan legawa
          Kanggo mulyaning negara

Siji ( Loro )
Telu ( Papat )
Maju papat papat
Diulang ulungake
Mesti enggal rampunge

          Holobis kuntul baris
          Holobis kuntul baris
          Holobis kuntul baris
          Holobis kuntul baris


   LARA BRANTA
Yen kelimgan mring sliramu, kadya rinucit atiku
Yen siang tansah katon malela
Dalu datan bisa nendra

Apa sliramu wis lali tenan
Dhek semana nate janji
Nedya arep urip bebarengan
Bungah susah dilakoni

Nanging aku ora ngira
Yen sliramu bakal cidra
Bareng saiki wis mulya
Banjur krama ora nganggo kandha-kandha

Wis pesthine lelakonku adhuh
Aku mung kudu narima
Sapa kang bisa paring usada
Nggonku nandhang lara branta

Kasusastran ing Uyon-Uyon
1.     Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2.     Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3.     Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4.     Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5.     Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6.     Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7.     Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8.     Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9.     Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga
10.  Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11.  Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
12.  Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/ pradangga.
13.  Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
14.  Irama yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15.  Bawa yaiku tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16.  Buka yaiku tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.

Komentar

Postingan Populer