Pawarta

Unsur Pawartos
Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan pawarta inggih
menika 5W+1H, yaiku
·
What (menapa)
Menapa ingkang
sami dipun wartosaken.
·
Who (sinten)
Sinten ingkang
kalebu wonten ing pawarta ingkang sami dipun wartosaken.
·
When (kapan)
Kapan kadadosan
sami kelakon wonten ing pawarta ingkang dipun wartosaken.
·
Where (wonten
pundi)
Wonten pundi
papan kadadosan sami enggal kalakonaken.
·
Why (kenging
menapa)
Kenging menapa
kadadosan saged sami kelakon.
·
How (kados
pundi)
Kados pundi
kadadosan sami enggal kelakon.
Sifat Pawartos
masyarakat.
· Faktual, yaiku pawarta
menika laras kalih menapa ingkang
kadadosan (objektif).
· Cekak Aos, yaiku
pawarta kedah boten bertele-tele.
· Narik
Kawigaten, yaiku pawarta kedah narik kawigatosanipun
tiyang sanes.
· Jangkep, yaiku
pawarta kedah wonten jangkep unsur-unsuripun.
Jenis Pawartos
·
Straight News (pawartos
langsung)
·
Depth News (pawartos
mendalam)
·
Investigation
News (pawartos penyidikan)
·
Interpretative
News
·
Opine News (pawartos
opini)
Bentuk Pawartos
·
Bentuk CetakBentuk cetak menika saged awujud majalah/ koran, contonipun majalah
djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.
·
Bentuk Siaran

·
Liwat Internet

·
Bentuk Lisan

Perangan
Pawartos
·
Irah-irahan (head)
·
Baris tengah (dateline)
·
Teras pawartos
(lead)
·
Wos pawartos (body)
Nilai Pawartos
Ing jaman
sakmenika gampil kangge kita nampi maneka warna pawarta saking kathah sumber.
Nanging wonten saperangan pawarta ingkang boten berbobot utawa ngapusi (HOAX). Perangan
ingkang nemtokaken bobot biji utawi nilai saking pawarta menika, yaiku
·
Aktualitas
·
Sesambetan
kaliyan papan kedadosan
·
Sesambetan
kaliyan unsur ingkang katut ing saklebetipun kedadosan
·
Sesambetan
kaliyan pedamelan pamaos/pamiyarsa
·
Jangkepipun
pawarta
·
Luar biasa (boten
limrah/unik)
Conto Pawarta
·
Regi Lombok Taksih Awis
(30 Januari 2017)
Klaten, www.jogjatv.tv – Regi lombok ing Tlatah Klaten, Jawa
Tengah , ngantos samangke taksih awis. Regi lombok rawit abrit dereng mandhap,
kepara lon-lonan mindhak malih. Miturut para bakul lombok ing Peken
Klaten Kota, regi lombok samangke mindhak mbaka sekedhik. Sabotenipun saben
dinten reginipun mindhak pitung ewu rupiyah lan samangke reginipun
dados Rp.105.000,00 saben kilo. Kawontenan kasebat njalari panyadening lombok
kirang laris awit para konsumen nyuda anggenipun tumbas lombok.
Sinaosa regi lombok rawit abrit
samangke mindhak malih nanging regi lombok abrit ageng taksih
popog, Rp.40.000,00 saben kilo. Makaten ugi regi lombok rawit ijem,
ngantos samangke reginipun popog Rp.55.000,00 saben klilo. Para bakul
mboten saged ndugi regi lombok badhe mindhak utawi mandhap.
( dening Haryadi )
·
Siswa SD
Ngimpun Rendana Kangge Korban Lindhu Ing Aceh
(13 December 2016)
Gunungkidul,
www.jogjatv.tv – Tumempuhing lindhu ageng ing Nangroe Aceh Darussalam dados
kawigatosan maneka pehak. Minangka wujud kawigatosan awit tumempuhing musibah
alam kasebat siswa Sekolah Dasar Negeri Kajar , Wonosari,
Gunungkidul dedonga sesarengan lan ngimpun redana bantuwan. Saderengipun kridha
pasinaon kawiwitan, para siswa lan guru dedonga sesarengan dhateng
pelataran sekolahan lajeng ngimpun redana saperlu dipun sumbangaken dhateng
korban musibah alam. Miturut salah satunggaling guru, Sumarjo, para siswa
dipun ajak dedongan sesarengan minangka wujud kawigatosan awit tumempuhing
musibah alam ing Aceh sarta kangge nggegulang siswa supados asih dhateng
sasama.
Salah
satunggaling siswa, Tegar Ardi Putra mratelakaken tumut prihatos awit
tumempuhing lindhu ageng ing Aceh dene bantuwan ingkang kaimpun badhe
dipun sumbangaken lumantar PMI
Gunungkidul.
(
dening Anjar Ardityo )
Komentar
Posting Komentar