Sesorah


Kula nuwun,
Para kanca ana ing dina menika kita arep sinau Basa Jawa. Ing postingan iki arep dibahas apa kuwi kang dipun arani sesorah utawi pidhato. Sadurunge sesorah utawi pidhato, kudu ngerti apa iku sing diarani sesorah, apa wae jinis-jinise, apa wae sing bab-bab kang digatekake nalika sesorah, lan kudu ngerti cengkorongane sesorah. Langsung wae kita bahas siji-siji ing ngisor iki.

Pangertosan

Sesorah inggih menika salah satunggaling kaprigelan micara wonten ing sangajengipun tiyang kathah kangge ngandharake pemanggih utawi ide ing satunggaling upacara adat.

Jinising sesorah
1.      Miturut ancase ( tujuan )
·      Kangge menehi informasi / pemanggih.
·      Kangge menehi panglipur.
·      Kangge pangajak-ajak.
2.      Miturut kahanane sesorah
·      Sesorah resmi.
·      Sesorah setengah resmi.
·      Sesorah ora resmi.
3.      Miturut pendekatan isine sesorah
·      Sesorah intelektual.
·       Sesorah moral.

Cengkorongan sesorah
1.      Salam pambuka ( Uluk salam )
2.      Purwaka ( Pambuka )
·         Atur pakurmatan (marang wong ingkang rawuh)
·         Atur puji syukur marang Gusti Kang Maha Agung
·         Atur ayahan utawa jejibahan
3.      Isi ( Surasa )
4.      Dudutan / wigati / ringkesan
5.      Pengarep-arep
6.      Panutup ( Wusana )
7.      Salam panutup

Metode sesorah
1.      Metode maos naskah utawi teks
Inggih menika sesorah ingkang katindakaken kanthi maca teks ingkang sampun dipun damel sakderengipun. Cara menika asring kaginakaken dening para pejabat wonten ing adicara kang resmi. Kanthi ancas supados menapa ingkang sami dipun andharaken boten mlenceng kaliyang tujuan sesorah.
2.      Metode apalan
Inggih menika sesorah ingkang katindakaken kanthi ngapalaken teks kang wis dipun damel saderengipun ngantos ukaranipun persis kalian cathetan. Cara menika asring kaginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
3.      Metode pandom lajer utawi eksemporan
Inggih menika sesorah ingkang katindakaken kanthi ngasta cathetan alit kangge pangemut-emut menapaingkang badhe dipun aturaken lan salajengipun dipun kembangaken kanthi pemanggih enggal ingang laras. Cara menika asring kaginakaken dening para guru nalika mucal siswanipun mawi damel pokok bahasan lan saklajengipun sami dipun rembag miturut kebutuhan.
4.      Metode impromptu ( Dadakan )
Inggih menika sesorah ingkang katindakaken kanthi dadakan utawi boten kanyana-nyana saderengipun.Lanthi menika piyantunipun kedah ingkang sampun beken lan padatan kersa medhar sabda. Mawi cara sesorah menika kita kedah trampil ing pamicara lan kathah pengalaman utawi seserepanipun. Kepara piyayi wau pancen kalebet ahli sesorah “orator”, kadosta Bung Karno ingkang kalebet orator ulung kanthi mawarni basa.

 Bab kang kedah digatosaken nalika sesorah
 a. Busana ( Ageman )
Nalika sesorah kita kedah ngagem busana ingkang jumbuh kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara manapa ingkang badhe dipun ayahi. Busana ingkang sami dipun rasuk kedah sopan lan “ngijeni” tiyang sanes.
 b. Subasita ( Trapsila )
Solah bawa nalika sesorah kedah boten kedamel-damel, langkung prayogi ingkang prasaja kemawon, anteng, mantep, nanging boten kaku. Saha kaudiya ing babagan ewah-ewahanipun pasuryan, sageda nggambaraken wosing penggalih.
 c. Swara ( Vokal )
Kedaling lesan lan pocapan nalika sesorah kedah cetha. Rindhik rikatipun, mandhap minggahipun sampun ngantos kesesa, nanging ugi sampun ngantos nglentreh sanget.
 d. Basa tuwin Sastra
Basa ingkang kaginakaken naika sesorah kedah miturut tuntutaning sastra Jawi ingkang leres. Pamilihan tembung kedah ingkang trep, luwes, sae, lan sekeca dipun mirengaken. Dados langkung gampil katampi lan dipun magertosi tegesipun.

Kejawi menika nalika sesorah kedah nggatosaken babagan-babagan, kadosta
·           Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg, sikaping suku megar metawis kalih jubin.
·           Asta ngapurancang, janggut katarik, namung ampun ketingal kaku.
·           Kedah sumeh namung boten katingal kadamel-damel.
·           Mriksani dhateng para miyarsa kanthi trapsila.
·           Wiramaning wicara ingkang cetha.
·           Ngagem basa ingkang alus nanging boten perlu kang muluk-muluk.

Conto sesorah
Sesorah saking Murid Kelas 9
Ing Adicara Perpisahan
Assalamu’alaikum Wr.Wb.                                                        
Kawula Nuwun,
Dhumateng ngarsanipun ibu Kepala Sekolah …. ingkang dhahat kinurmatan, ingkang minulya bapak/ibu guru. Sarta para rawuh sedaya ingkang tansah winantu ing suka basuki. Sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, awit sih welasipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya saha  kula, satemah kula saha panjenengan sami saged makempal wonten ind adicara Perpisahan kelas 9 ….
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil siswa-siswi  kelas 9 ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, awit kaiklasan saha katresnan bapak/ibu guru satemah para siswa saged pikantuk ilmu ingkang kathah sanget wonten ing 3 warsa menika. Kula sakanca namung saged ndedonga, mugi-mugi bapak/ibu guru sedaya pikantuk piwales saking Allah SWT, saha mugi-mugi bapak/ibu guru tansah pinaringan kasarasan. Boten kesupen kula saha kanca-kanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula saha kanca-kanca asring damel bapak/ibu guru kuciwa, amargi saking atur solah bawa kula saha kanca-kanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan.
Para bapak/ibu guru saha para rawuh, wonten ing wekdal punika kula saha kanca-kanca nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu, mugi-mugi saksampunipun medal saking pawiyatan ing ngriki kula sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan candhakipun. Mekaten ugi mugi-mugi adik-adik kelas 7 lan kelas 8 saged kasil ngangsu kawruh kanthi kasil ingkang langkung sae.
Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten wau atur kula. Bilih kathah klenta klentunipunn ing atur, kula nyuwun agunging samudra pangkasama.
Cekap semanten lan matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.




Sesorah Babagan
Kebersihan Lingkungan

Sugeng enjing,
Berkah Dalem
Dhumateng ngarsanipun Bapak saha Ibu-ibu Dusun Pantog Wetan ingkang kinurmatan, saha para kanca sedaya ingkang kula tresnani. Sumangga sakderegipun kita sesarengan sami ngunjukaken puji syukur Dhumateng  Gusti Allah Ingkang Maha Kuasa awit sedaya lubering sih wilasa Dalem saengga kita sedaya saged makempal sesarengan wonten pawiyatan mengeti dinten kebersihan lingkungan nasional  kanti wilujeng nir ing sambekala. Keparenga kula sampun kumawantun ngadeg wonten ing ngarsanipun panjenengan sami, awit kula badhe ngaturaken sekedhik babagan kebersihan lingkungan.
Para rawuh sedaya,
Ingkang kaping satunggal kita sedaya kedah mangertos bilih lingkungan menika papan kangge kita sedaya nggantungaken gesang dados umat manungsa. Amargi sakmenika pentingipun kita sedaya kedah njaga lan nguri-uri lingkungan supados bumi ngasilaken manfaat kangge kita, sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Salah satunggaling cara supados lingkungan mboten maringi bencana kangge kita inggih menika kanthi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang saleresipun inggih menika lingkungan ingkang layak kangge papan manungsa saha kesehatan manungsa saged dipunjaga, amarganipun sakmenika kita sedaya kedah njaga kebersihan lingkungan supados saged ndadosaken pagesangan ingkang sejahtera.
Para rawuh sedaya,
Njaga kebersihan lingkungan inggih menika cara ingkang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang kathah wonten musim rendeng sakmenika. Njaga kebersihan lingkungan saged dipunwiwiti saking reresik lingkungan dusun menika, ingkang kita tresnani, menawi dusun Pantog Wetan menika resik, ndadosaken tiyang sanes mboten sungkan kangge nyonto kabiasaan becik kita sedaya. Kangge reresik dusun piyambakipun. Dampak positifipun inggih menika masyarakat dados nyaman amargi lingkunganipun resik.
Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten tembung ingkang kirang sae kula nyuwun pangapunten. Saha mugi-mugi kanthi atur kula wau masyarakat sedaya saged mundhut manfaatipun saking pawiyatan sakmenika.
Matur nuwun.
 

Mekaten wau para kanca menapa ingkang dipun arani sesorah. Mugi sedaya wau tansah migunani tumrap kita sedaya.

Komentar

Postingan Populer