Gamelan

Miturut Baoesastra Djawa ( W.J.S Poerwadarminta ) gamelan inggih menika arane tetabuhan kang rericikane akeh banget (saron, bonang, gender lsp). Bahan kangge damel gamelan arupa perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), kuningan saha barut(wesi lan plat).
Gamelan gadhah melodhi kang magis utawa kagungan daya supranatural, mula swaranipun gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis . Gamelan kalebu perangan wonten ing kabudayan Jawa. Gamelan Jawa gadhah ciri khas kanthi nada ingkang luwih lembut lang ngagem tempo ingkang luwih alon. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari lan uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan wonten kalih yaiku laras pélog lan laras slendro. Saben satunggal sèt gamelan nduwéni instrumén kangge laras pélog lan slendro.

Jinis
Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé gamelan didhisiki saking budaya Hindu-Budha. Instrumené dikembangaké  ing jaman Kerajaan Majapahit . Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing mangsa Saka, kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medangkamulan. Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang para dewa . Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé kuwi kabentuk set gamelan.
Miturut larasé
  • Gamelan laras sléndro, titi laras slendro gadhah 5 nada yaiku 1 2 3 5 6
  • Gamelan laras pélog, titi laras pélog gadhah 7 nada pepaka yaiku 1 2 3 4 5 6 7
  • Gamelan laras prawa (Pasisir)
Miturut tlatah sumebaré
Saben dhaérah ing Nusantara kagungan gamelan kang mawarni-warni miturut tlatah budayanipun, piranti gamelan kang dianggo ugi marupa-rupa lan béda-béda.

Pathet
Inggih menika ukuran endhek-dhuwuring laras, minangka wates wilayah nada.
Ing laras sléndra wonten tigang pathet, yaiku
  • Sléndra pathet nem (6)
  • Sléndra pathet sanga (9)
  • Sléndra pathet manyura (Myr)
Ing laras pélog ugi wonten telung pathet, yaiku
  • Pélog pathet lima (5)
  • Pélog pathet nem (6)
  • Pélog pathet barang (Br)
Pathet iku kadosta panggenan kanggo gendhing utawa ingkang ngatur gendhing. Ing wayang kulit mènawi ditanggap ing wayah dalu ugi migunakaké pathet ing tabuhan gamelan. Pathet iki mertandaké wayah, kadosta
  • Sléndra pathet nem saka jam 09.00-12.00 bengi
  • Sléndra pathet sanga saka 00.00-03.00 esuk
  • Sléndra pathet manyura saka 03.00-06.00 esuk


Kasusastran babagan Gamelan
1.   Blimbingan yaiku, wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron lan peking kang tengahipun ngagem lingiran (penampang trapesium).
2.     Niyaga yaiku, paraga ingkang ngayahi nabuh gangsa (gamelan).
3.  Paniti yaiku, paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggung lan ngupakawis gangsa.
4.   Karawitan yaiku, gumelaringgangsa saprabte, saged wujud pagelaran mandhiri utawi kagem ngiringi pagelaran sanesipun.
5.     Warangana yaiku, tiyang putri kang ngrengga karawitan kanthi tetembangan.
6.     Saprangkat yaiku, gangsa jangkep laras Slendro lan Pelog.
7.  Sapangkon yaiku, gangsa kang boten jangkep namung laras Slendro utawi Pelog kemawon.
8.   Cokekan yaiku, pagelaran karawitan kanthi ricikanipun Gender, Slenthem, Kendhang Batangan, Siter, Gong Kemodhong.
9.     Alusan yaiku, wujud gamelan Gender, Gambang, Rebab, Siter,lan Suling.
10.  Balungan yaiku, wujud gamelan arupi Demung, Saron lan Peking.

Klasifikasi Gamelan
1.    Wujud Tebokan
Inggih menika jinising gamelan kang carane nabuh kanthi dithuthuk, digebug, dikeplak lan ditabok. Salah sawijining jinis tebokan inggih menika kendhang kang ditabuh kanthi kombinasi antara tlapakan lan driji. Kendhang diselehake ing wadhah panyangga saka kayu kang wujudipun memper huruf Y. Swara kendhang umumipun dlang, dlong, dhah, dheng, thung, ket, tong lan tak.Wujud kendhang maneka warna kadosta kendhang ageng, kendhang ketipung, kendhang batangan lan kendhang sabet.
·      Kendhang Ageng, yaiku kendhang kang paling ageng ukuranipun lan ugi ngasilaken swara kang cendhek dhewe.


·      Kendhang Ketipung, yaiku kendhang kang paling cilik lan ngasilaken swanten paling dhuwur.

·      Kendhang Batangan, yaiku kendhang kanthi ukuran sedheng kanthi swanten luwih dhuwur tinimbang kendhang ageng. Kendhang menika biasa ditabuh kagem ngiringi tari/joged lan gendhing.

·      Kendhang Sabet, yaiku kendhang kanthi ukuran sedheng kang luwih alit sithik tinimbang kendhang ageng lan luwih ageng tinimbang kendhang batangan. Kendhang menika biasa ditabuh kagem ngiringi pagelaran wayang.

2.    Wujud Wilahan
Inggih menika gamelan ingkang wujudipun wilahan, kang ditabuh kanthi dithuthuk kadosta Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron lan Peking.
·      Gender, yaiku piranti gamelan kang kasusun ing papan kados ayunan lan ing ngandhapipun wonten tabung kang ginanipun kangge ngatur gema swantenipun. Cacahipun wonten 14 wilah, saking laras 6 ageng – laras 3 alit.


·      Slenthem, yaiku piranti gamelan wujud balungan kang ngasilake swanten alus katimbang balungan sanesipun. Cacahipun wonten 7 wilah Pelog lan 6 wilah Slendro.

·      Gambang, yaiku piranti gamelan saking kayu kanthi tabuh kang luwih dawa. Cacahipun wonten 21 wilah, wiwit laras 5 ngandhap ngantos laras 5 inggil.





·      Demung, yaiku piranti gamelan wujud wilahan logam kang kasusun sadhuwure rancakan kayu. Ukuranipun paling ageng lan ngasilaken swara paling cendhek.

·      Saron, yaiku wujud saron tengahan kang ngasilaken swanten luwih dhuwur saoktaf tinimbang demung. Cacahipun wonten 7 wilah Pelog lan 6 wilah Slendro.


·      Peking, yaiku wujud saron paling alit nanging kagungan swanten paling dhuwur lan wilahan kang luwih kandel. Swaranipun luwih dhuwur saoktaf tinimbang saron barung lan kathuthuk kanthi singat/sungu mahesa.


3.    Wujud Wilahan Pencon
Inggih menika gamelan ingkang wujudipun wilahan kanthi tambahan encon utawi jendhulan wonten ing tengahipun, kang ditabuh kanthi dithuthuk kadosta Slentho, Gong Kemodhong lan Kecer.
·      Slentho, inggih menika wujud gamelan wilahan kados dene saron kanthi tambahan encon ing tengahipun.


·      Gong Kemodhong, inggih menika wujud gamelan kang kasusun saking 2 wilah kang dipuntabuh teturutan kanthi tambahan encon ing tengahipun.


·      Kecer, inggih menika wujud gamelan kang ditangkubaken kaliyan pasanganipun kang wujudipun kados piringan simbal namung kanti ukuran alit.

4.    Wujud Pencon
Inggih menika piranti gamelan kang wujudipun bunder kanthi tambahan enchon ing tengahipun kang ditabuh kanthi dithuthuk.
·      Bonang, yaiku piranti gamelan arupa pencon kang kasusun dados 2 baris (brunjung lan dhempok), saben sabaris kasusun saking 5 utawi 6 pencon dados cacahe wonten 10 utawi 12. Wujud bonang wonten 3 yaiku bonang panembung (paling ageng), bonang barung (tengahan), bonang penerus (paling alit). Ukuran menika wau ngasilaken swanten khas saben bonang.

·      Kethuk lan Kempyang, yaiku piranti gamelan pencon kang kasusun ing papan kados ayunan. Ginanipun kangge tandha ajeging wirama lan nedahaken jinising gendhing (Lancaran,Ladrang,Ketawang lsp)


·      Kenong, yaiku piranti gamelan pencon kang gadhah ukuran paling ageng ing kelompok gamelan kang diayun. Cacahipun wonten 6 pencon.

·      Kempul, yaiku piranti gamelan kang digantung ing gayor ingkang bentukipun kados gong nanging luwih alit kanthi swanten luwih dhuwur.
·      Gong, yaiku piranti gamelan paling ageng kang kadamel saking tosan. Swaranipun paling gedhe  lan nadanipun paling cendhek, gong biasa ditabuh ing pungkasaning akhir. Gong kabagi dados 2 yaiku gong ageng lan gong suwukan.

5.    Wujud Kawatan
Inggih menika wujud gamelan ingkang kadamel saking kawat kados Rebab, Siter lan Clempung kanthi cara nabuh digesek lan dipethik/cuwik.
·      Rebab, yaiku piranti gamelan kang ditabuh kanthi digesek kang gunanipun kangge murba lagu,damel variasi lagu lan kangg buka gendhing.

·      Celempung lan Siter, yaiku piranti gamelan kang ditabuh kanthi dipetik kanthi cacah senar wonten 11 lan 13 pasang.

6.    Wujud Pipa
Inggih menika piranti gamelan kang kadamel saking pring kanthi cara ngungelaken dipun sebul, kadosta suling.
·      Suling, yaiku piranti kang kadamel saking pring kanthi ukuran ½ meter. Caranipun ngungelaken kanthi dipun sebul, kangge damel variasi melodi. Swanten kaasilaken saking rongga angin kang digeterake liwat sebulan angin.


7.    Kemanak
Inggih menika piranti gamelan kang wujudipun memper gedhang, kang biasanipun sami dipun tabuh kangge ngiringi bedhayah.


Komentar

Postingan Populer