Cerkak

Inggih menika salah satunggaling bentuk karangan kanthi bentuk prosa naratif fiktif ingkang migunakaken Basa Jawi wonten ing panulisanipun. Cerkak cenderung langkung ringkes saha lajeng dhateng tujuanipun, tinimbang kaliyan cerita fiksi ingkang luwih dawa kados novel. Cerkak cenderung kurang kompleks tinimbang novel. Cerkak biasanipun museraken ing satunggal kedadosan, gadhah satunggal plot, setting ingkang tunggal, cacah tokoh ingkang kewates, kanthi arah wayah ingkang singkat. 

UNSUR CERKAK

   Unsur Intrinsik
Inggih menika unsur ingkang wonten ing salebetipun cerkak piyambak. Ingkang kalebet unsur intrinsik, inggih menika 
1. Tema inggih menika underaning cariyos inkang dipun pitados saha dipundadosaken underaning cariyos

2. Alur (Plot) inggih menika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur saged kaperang dados 3 yaiku alur maju, alur mundur kaliyan alur campuran

3. Latar (Setting) inggih menika panggenan, wekdal lan swasana ingkang wonten ing salebetipun cariyos. Latar saged kaperang dados 3 yaiku latar papan, latar wektu lan latar kawontenan.

4. Watak inggih menika gegambaran watak utawi karakteripun paraga ingkang wonten ing salebetipun cariyos. Watak menika saged dipuntingali saking pacelathonipun paraga, gegambaran paraga lan gegambaran blegeripun paraga. Kangge nggambaraken wata wantunipun satunggaling paraga, panyerat limrahipun migunakaken teknik, kados 
  a.Teknik Analitik, ingkang ngambaraken watak wantunipun paraga kanthi langsung dening panyerat wonten ing salebetipun cariyos. 
  b. Teknik Dramatik, ingkang ngambaraken watak wantunipun paraga kanthi : – Pengambaran bab fisik lan tindak tandukipun. – Pengambaran lingkungan gesangipun paraga. – Penggambaran tatabasanipun paraga. – Penggambaran dalan pikiranipun paraga. - Panggambaran dening tokoh sanesipun. 

5. Sudut Pandang, inggih menika kalenggahanipun panyerat rikala nyarisaken carita. Sudut pandang menika saged kapantha dados kalih yaiku dadod wong kapisan (panyerat ndherekminangka paraga ing cariyos) lan minangka dados wong katelu (panyerat minangka dhalang ing cariyosipun) 

6. Amanat (Pesen), inggih menika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos dhateng soksintena ingkang maos cariyos. 

7. Gaya Bahasa, inggih menika basa ingkang wonten ing salebetipun cariyos ingkang ginanipun kangge damel kahanan persuasif uga ngrumusake dialog kang saged damel hubungan lan interaksi tokoh satunggal lan sanesipun. 

   Unsur Ekstrinsik
Inggih menika unsur-unsur ingkang wonten ing sanjawinipun cariyos, ananging gadhah pangaribawa ingkang boten langsung ing salebetipun cariyos menika. Ingkang kalebet unsur ekstrinsik inggih menika
  • Nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
  • Latar belakang gesangiun penganggit.
  • Kahanan sosial rikala cariyos menika dipundamel.
TULADHA CERKAK

Swarga Impen

Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae rampung. Embuh iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng tivi.

Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki. 
   “Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok! 

Omahe gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange, banyune biru katon kinclong-kinclong. 
   “Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau. 
   “Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu. 
   “Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
   “Embuh, wong aku durung tau mrana!” 
   “Aku pengin mrana, Mas Gondo!” 
  “Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!” aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora. 

Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga. 

Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide. 
   “Tan, dolan wae yuk!” pangajakku. 
  “Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik kuwi seneng.
  “Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!” 
  “Lha nyang ngendi lho?” 
  “Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng swarrga.” 

Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta. Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae! 
   “Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku. 
  “Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!” wangsulanku.
 “Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?” Tanto takon maneh. 
 “Iya!” jawabku mantep.
 “Kepingin apa wae klakon?”
 “Iya!” 
 “Pingin mangan enak terus, klakon?”
 “Mesthi!”
 “Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?”
 “Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!” 
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.

Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek dhewe.

Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.

Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
 “Mas Gondo, apa iki wis teka?” 
 “Durung,” wangsulanku alon.
 “Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?”
 “Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!” Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara. 
                                                                                                 Kapethik saka "Trubus saka Pang Garing


Unsur Intrinsik

 Tema : Swarga Dunya
 Latar : 
   Latar Panggonan : Omah lan Ndhalan Kutha Jakarta
   Latar wektu : Sore
   Latar Suasana : Trenyuhake, Tegang Lagi
 Paraga lan watak : 
   • Mas Gondho : Males, Gampang meri
   • Tanto : Polos, Gampang pracaya
Alur : Maju, awit nyariyosaken kedadeyan pengalamane Mas Gondo ing salajengipun.
Sudut Pandhang : Uwong ketelu sing peranipun dados pengamat.
Basa : Basa cerkak kasebut kelebu ngoko lugu

Komentar

Postingan Populer